Tanggap wacana utawi pidato inggih punika ngendika ing sangajengipun tiyang kathah, kanthi pikajengan ingkang alelandhasan wewaton gumathok. Miturut pikajengan, tanggap wacana punika saged kapilah – pilahaken kados ing ngandhap punika:

  1. Hatur Uninga (wara-wara), inggih punika caos pangertosan dhumateng tiyang kathah, ngengingi perkawis ingkang kedah dipun mangertosi dening tiyang kathah.
  2. Sambutan, inggih punika tanggap wacana wonten ing pawiwahan utawi parepatan resmi, pengetan dinten ageng, ingkang sipatipun hanggunggung utawi caos panglipur tuwin pramayogi.
  3. Atur panuwun sarta pambagya harja,inggih punika atur saking tiyang hamengku karsa, utawi ingkang rumaos dipunsengkuyung kabethanipun dening tiyang kathah.
  4. Nggigah krentenging manah tiyang kathah, ingkang punika tanggap wacana ingkang isinipun ngajak dhumateng ingkang midangetaken (tiyang kathah) supados tuwuh kapitadosipun dumateng rantaman-rantaman (program) ingkang kaaturaken, sarta kanthi lila legawa, kersa nindakaken punapa ingkang dados pikajengipun pamicara.

Ing salebeting tanggap wacana, badhe kapireng wijang sha gampil kasuraos dneing para ingkang midhangetaken, hambok bilih mawi urut-urutan kados salam pambuka, purwakaning atur, isi/wigatosing atur, pangajeng-ajeng (panyuwun) lan wasana (panutup). Nalika hangaturaken tanggap wacana, sadaya sikep, solah bawa, kedah trapsila, sarta kanthi basa ingkang leres, saha gampil dipun suraos dening ingkang midhangetaken kanthi gambling. Saged – saged ngewrat sedaya ingkang dipun pikajengaken, saengga mboten ndamel jeleh dhumateng ingkang midhangetaken.

Ing salebeting tanggap wacana sikep sarira ingkang kedah katindakaken kados kaaturaken ing ngandhap punika:

  1. Jumeneng kanthi sigrak lan jejeg, sikaping suku megar wetawis kalih jubin
  2. Polatan ingkang katingal sumeh, naming mboten kadamel-damel
  3. Asta ngapurancang, sarira radi ndegeg, janggut katarik, naming sampun ketingal kaku
  4. Jumeneng kanhti kapitadosan diri
  5. Mriksani dhumateng para pamirsa kanthi trapsila

Supados para pamiyarsa midhangetaken kanthi jenjem, kit kedah nggatosaken bab-bab ing ngandhap punika:

  1. Panggalih dipun sa8rehaken rumiyin, supados suwanten boten kepareng dredheg
  2. Menawi nandha pejah utawi gesangipun mike sampun ngantos dipun sebul, cekap dipun cepeng asta tengen sarta dipun kethuk alon
  3. Ngagem basa ingkang alus, nanging boten perlu ingkang muluk-muluk, supados gampil dipun suraos dening ingkang midhangetaken
  4. Pangandikan boten perlu muter-muter, ingkang cekak, nanging saged anyakup punapa ingkang dipun kajengaken
  5. Wiramaning wicara ingkang cetha sarta kajumbuhakenkaiyan kawontenan
  6. . tutuk sampun celak-celak sanget kaliyan mike, mindhak nuwuhaken suwanten kemresek (ingkang sae kirang langkung gangsal nyari)
  7. Suwanten boten perlu sora-sora, ingkang cekapan nanging wijang.

SMK BINA NUSANTARA SEMARANG adalah sekolah menenengah kejuruan yang berdiri pada tanggal 18 mei 2010 dibawah Yayasan Bina Nusantara

SMK BINA NUSANTARA SEMARANG beralamat di jl.Kemantren No.5 wonosari Ngaliyan Semarang. Dengan luas lokasi  4004 m2, sarana dan prasarana yang memadai, suasana belajar yang nyaman karena berada di tengah perkamampungan masyarakat yang jauh dari kebisingan.

Sekolah

Sejarah

Kontak

Galeri

Berita Kampus

Quick Link

 PPDB

 Ujian

 Pengumuman

 Kelas Industri

Alamat

Jl. Kemantren Raya No.5, RT.02/RW.04, Wonosari, Kota Semarang

Copyright © 2020 Binusa Semarang

Made with ❤️ at Binusa Semarang